Subscribe:

Labels

Total Tayangan Halaman

EnglishFrenchGermanSpainItalianDutch

RussianPortugueseJapaneseKoreanArabic Chinese Simplified

Rabu, 28 November 2012

Budi Pekerti (bahasa jawa)



Nuwuhake Rasa Tepa Slira lan Andhap Asor

                Budi pekerti inggih menika induk ing etika, tatakrama, tata asusila, lan tingkah laku becik ing masyarakat. Rasa tepa slira lan andhap asor menika sami sareng budi pekerti.  Pramila kita perlu gadhahi sifat Budi pekerti. Inggih menika di nanemaken dening putra wayah. Ingkang awalipun di nanemake saking kaluarga saklajeng ipun wonten ing sekolah lan masyarakat.

            Gadhahi budaya tradisonal budi pekerti di nanemaken wiwit dinten bocah cilik . saget wonten ing griya , saget wonten ing sekolah, lan saklajengipun wonten ing warga masyarakat sak kukupan.
            Wonten ing kaluarga tiyang sepuh ndidik wayahipun wiwit ngeraosaken tingkah laku ingkang becik, luhur lan bener sami sareng etika. Tradisi langkung dongeng, dolanan bocah inggih menika kagambaraken kahanan urip ing manungsa perlu gotong royong lan nyambung sinambung tali ing silahturahmi.
            Gotong royong menika nyambut gawe ingkang dipun tandhangngi sesarengan sak kabehing warga lan kasilipun dipun raosaken sesarengan. Gotong royong saget dipun pratelaaken wonten ing masyarakat sak kukupan. Gotong royong saget kanggeh sarana anyambung tali silahturami marang sesame manungsa sakiwo tengenipun. Srawong ing masyarakat sakitar saget gesang rukun, madsinamad, sih sinasih, lan sami asah asih lan asuh. Mekaten saget kanggeh sarana kang nanemaken budi pekerti marang piyambakipun.


0 komentar:

Posting Komentar